Minggu, 15 Juni 2008

KRISTEN

KAWULA PITADOS Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama, ingkang Mahakawasa, ingkang nitahaken langit kaliyan bumi. Inggih pitados dhateng Yesus Kristus ingkang Putra ontang-anting, Gusti kawula. Ingkang kabobotaken dening Roh Suci, miyos saking prawan Maryam. Ingkang nandang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus, kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarakaken, tumedhak dhateng ing teleng palimengan. Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. Lajeng sumengka dhateng ing swarga, pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama Ingkang Mahakawasa. Saking ngriku inggih badhe rawuhipun ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah. Kawula pitados dhateng Roh Suci. Kawula pitados wontenipun pasamuwan Kristen satunggal ingkang suci sarta wradin, inggih patunggalipun para suci. Punapa-dene pangapuntening dosa. Tanginipun raga. Sarta gesang langgeng. 

RAMA KAWULA Duh Rama Kawula ingkang winten ing swarga. Asma Paduka mugi kasucekaken. Kraton Paduka mugi rawuha. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kados dene wonten ing swarga. Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika. Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kados dene kawula inggih ngapunten ing tetiyang ingkang kalepatan dateng kawula. Punapa dene kawula sampun ngantos katandukaken dateng ing panggoda, namung mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. Awit dene Paduka ingkang kagungan kraton saha wisesa tuwin kamulyan salaminipun. Amin.

Tidak ada komentar: